rumekso
ingsun laku nisto ngoyo woro
kelawan
mekak howo, howo kang dur angkoro
senajan
syetan gentayangan tansah gawe rubedo
hinggo
pupusing jaman
meper
hardaning ponco saben ulesing netro
linambaran
sih kawelasan ingkang paring kamulyan
sang
hyang jati pengeran
jiwanggo
kalbu samodro pepuntoning laku
tumuju
dateng Gusti dzat kanga amurbo dumadi
manunggaling
kawulo Gusti krenteg ati bakal dumadi
mukti
ingsun tanpo piranti
sumebyar
ing suksmo madu sarining perwito
maneko
warno prodo mbangun projo sampurno
sengkolo
tido mukso kolobendu nyoto sirno
tyasing
roso mardiko
mugiyo
den sedyo pusoko kalimosodo
yekti
dadi mustiko sakjroning jiwo rogo
bejo
mulyo waskito digdoyo bowo leksono
byar manjing
sigro sigro
apuh
sepuh wutuh tan keno iso paneluh
gagah
bungah sumringah ndadar ing wayah wayah
satriyo
toto sembodo wirotomo katon sewu kartiko
ketaman
wahyu kolosebo
memuji
ingsun kanti suwito linuhung
segoro
gondo arum swuh rep dupo kumelun
ginulah
niat ingsun hangidung sabdo kang luhur
titahin
sang hyang agung
rembesing
tresno tondo luhing netro roso
roso
rasaning ati kadyo tirto kang suci
kawistoro
jopo montro kondang dadi pepadang
palilahing
sang hyang wenang
nowo
dewo jawoto talisantiko bawono
prasido
sidikoro ing sasono asmoro loyo
sri
narendro kolosebo winisudo ing gegono
datan
gingsir sewu warso
Tidak ada komentar:
Posting Komentar